꧅ꦠꦼꦠꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦤꦼꦩꦸꦧꦼꦧꦼꦟ꧀ꦝꦸꦤꦶꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧅
1. Gumuyu kang tumêka
Utawa manèh nyokuraké kojuring mungsuh, goné kawêlèh tansah ginagarap nganti andadékaké bangêting kaduga kang ora kira - kira, ora ngèlingi sisikuning batin, yèn pangguguk iku kalêbu bungah -bungah, wataké kêrêp lali marang kabatinan.
Wêkasané antuk bêbêndhuning sukma, saka lirwaning tindak kang andaluya.
꧒꧋ꦤꦥ꧀ꦰꦸꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
2. Napsu kang tumêka.
Luwih saking kat tan kêna sinayutan., kayata: Kêdadak kabrananing pikir, jalaran duwé panganggêp marang sarawungané, rumasa kaina, kadêgsuran, kaéwanan, tinantang, rinusuhan, kawirangaké, lan kalaran kang gawé kagèt sarta nuwuhaké untaping pikir, nganti ora ngèlingi rusaking karuntikan, kalah mênang padha nandhang kapitunan.
꧓꧋ꦄꦫꦶꦥ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉3. Arip kang tumêka.
Kayata: rina wêngi tansah ngantuk kudu turu, ésuk, awan, soré tansah ambaliyut, jalaran kadadak ing sabab saka kêndhoning otot kang dadi pancêring mripat nganti ora ngèlingi marang pangupakaraning raga kang ajêg, iku kang andadèkaké owah lakuning gêtih, ing kono kêrêp nuwuhaké lalara.
꧔ ꧋ꦢꦼꦫꦼꦔꦶꦁꦏꦥꦼꦥ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
4. Dêrênging karêp kang tumêka.
Kayata: bangên péngin nêkani hawa napsu kang marang asmara,loba, murka marang pangan, kêthaha marang pandhaku, sarta angkara marang kang nyulayani, yaiku sadhéngah kang ora bisa anduwa hardaning sedya.
Nganti ora ngèlingi yèn dêrênging hawa napsu iku ora bisa dadi rahayu.
Bênêré kudu pinênggak supaya ora andadèkaké rusaking têdhak.
Papali kang wali-wali, muga aja lali ing pamundhi.
Mulané wong urip kudu nyumurupi sasmitaning bêbêndu, supaya tanduk kang nuwuhaké susah, padha ginêdhanga ana ing papan saréan, têgêsé: SINARING.
Kang rêgêd binuwang, kang rêsik rinasuk.
Pamrihé nyunyuda duka, pirang bara sirna antuk pangaksama, wêkasan widada panawunging suka.
Papali iki bêcik nuli dilakoni, mêngko bakal sumurup tandha yêkti kang dadi basuki.


Out Of Topic Show KonversiHide Konversi Show EmoticonHide Emoticon