LAKU KALANTIPAN
꧅ꦭꦏꦸꦏꦭꦤ꧀ꦠꦶꦥꦤ꧀꧅
✴ Laku kalantipan ✴
꧑ ꧋ꦨꦶꦰꦤꦩ꧀ꦥꦤꦶꦯꦸꦫꦰ꧉
Bisa nampani surasa
Bisa nampani surasa. yaiku sumurúp laraping ukara, nyanḍak tanggap tanduking basa, mulat ulahing solah, tampa lèrèging swara, pana sèlèhing sêdya,
꧒ ꧋ꦭꦧ꧀ꦢꦩꦔ꧀ꦱꦸꦭꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧉2. Labda mangsuli pangandika.
Labda mangsuli pangandika, baut ngulihaké pêṭukaning basa, ora nalisir karo ḍaḍapukané, mungguh kang ḍapur carita, ora korup kocap lan kêcapé, déné kang dhapúr pitakón winangsulan pitudúh, lan pitutúr, kayata:
pitakón jênêng, têmbungé " sapa".
Pitakón katêtêpan, têmbungé: "apa"
Pitakón rupaníng barang utawa araníng papan, têmbungé: "êndi".
Pitakón dunúng, têmbungé: "ngêndi".
Pitakón cacah têmbungé: "pira".
Pitakon angkatané mangsa, têmbungé: "kapan".
Pitakon katrangan, têmbungé: "kapriyé".
Mangkono lan liya - liyané.
꧓ ꧋ꦤꦾꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦩꦫꦁꦯꦰ꧀ꦩꦶꦠ
3. Nyanḍak marang sasmita
Nyanḍak marang sasmita yaiku sumurup marang ulat liring, kêḍap kilat, solan - salining kahanan, sarta laraping saloka.
꧔ ꧋ꦔꦽꦠꦶꦩꦫꦁꦮꦮꦢꦶ꧉
4. Ngrêti marang wawadi
Ngrêti marang wawadi yaiku nguñci samubarang kang ora ora kêna winêḍar, rumêksa marang kawirangan, nutupi marang rikuhan. Pangiri kang wanti -wanti, muga aja lali ing pamusthi. Mulané wong urip kudu nyumurupi lakuning kalantipan supaya awas ing pamawas. Ora andèkaké kaṇḍêging pangañcas, pakolèhé bisa buntas marang kang ginagas, ing wêkasan nêmu bagas lawan waras, yaiku waluyaning jiwa raga, bisa nunggal ing sasana. ❁❁❁❁❁❁❁
Out Of Topic Show KonversiHide Konversi Show EmoticonHide Emoticon