LAKU KAMUNGGUHAN

Sawisé nitèni panêngêran kang ginawé andungkap kahananing sasmita rasa, luwih prayoga manèh nyumurupi kahananing laku kang pramati, supaya kêna ginawé pipiritan utawa kanggo paugêran tumrap kang padha sumêdya anggugulang laku, kosok baliné, sarupaning nugraha tuwuh saka tindak kang utama, mungguh pratélané kaya kaya kang katulis ing ngisor iki.

Laku kamungguhan

꧑ ꧋ꦱꦸꦩꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦱ꧀꧈
1. Sumèh ing pasêmon
  • Sumèh ing pasêmon, yaiku ora nuwuhaké ulat rêgu, wêlu, añjabrat, añjêkutrut, marêngut, ambêsêngut, pêtêng, nyurêng, sirung lan añjêmbrung, mung tansah padhang kang nanarik rênaning panyawang.

  • ꧒ ꧋ꦱꦫꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦔꦸꦕꦥ꧀
    2. Sarèh ing pangucap
  • Sarèh ing pangucap yaiku aris, manis, patitis, gênah, prênah, padhang, gamblang, têrang, wijang, cêtha, tétéla, nganti ora andadèkaké kodhênging panampa, apadéné ora braok, ora santak, ora sêngap, ora canthula, ora dhoso, ora songol, ora kasar, sarta ora saru.

  • ꧓ ꧋ꦄꦭꦸꦱꦶꦁꦠꦤꦒ
    3. Alusing tanaga
  • Alusing tanaga yaiku ora digsura, ora tranyakan, ora calundhangan, ora planthingan, sarta ora langkah ing pratingkah.

  • ꧔ ꧋ꦗꦠ꧀ꦩꦶꦏꦤꦶꦁꦥꦭꦸꦔ꧀ꦒꦸꦲꦤ꧀꧈
    5. Jatmikaning palungguhan
  • Jatmikaning palungguhan, yaiku ora rongèh, ora gorèh, ora nolah - nolèh, ora èdhèg, ora andhangak, ora cangungakan, tansah jêñjêm sarta jinêm, nganti katon mandhawani, ora ngurawani.

  • Pamêkas kang dadi pamungkas muga aja lali ing pamusthi. Mungguh sakèhing laku kamungguhan, iku dadi cangkoronganing kanugrahan. Kanugrahan dadi cangkotonganing kamulyan. Marmané laku mau aja pisan - pisan sinuda. Kang luwih prayoga kaundhakan, supaya ing wusana nêmu suka matumpa - tumpa.
    ✶✶✶✶✶✶✶

    Previous
    Next Post »

    Out Of Topic Show KonversiHide Konversi Show EmoticonHide Emoticon

    Tuliskan Latin di kolom bawah ini
    Komentar nganggo Facebook