PANÊNGÊRAN WONG KANG BAKAL NÊMU PITULUNGING SUKMA


꧅ꦥꦤꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦤꦼꦩꦸꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦔꦤꦶꦁꦱꦸꦏ꧀ꦩ꧅

Panêngêran Wong Kang Bakal Nêmu pitulunganing Sukma


꧑ ꧋ꦏꦲꦺꦭꦶꦔꦤ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
1. Kaèlingan kang tumêka.
Kaèlingan kang tumêka kongsi mijilaké waspa.
Kayata: rumasa apêsing kawula, cupêting panêmu, ringkihing rasa, sarta tan bisa widada.
꧒ ꧋ꦗꦠ꧀ꦮꦶꦏꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
2. Jatmika kang tumêka
Jatmika kang tumêka, kongsi mijilaké panalangsa. Kayata:
Rumasa kasluru utawa kaliru, luputé ora patut, salah ora kaprah, pintêr durung bênêr, rongèh dadi gorèh, wêkasan nuwuhaké antênging pamêlêng.
꧓ ꧋ꦲꦼꦭꦺꦏ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
3. Êlèk kang tumêka

  • Êlèk kang tumêka kongsi mijilaké rêrêm.
    Kayata: nganggêp gêdhé pakolèhé marang wong kang ora turu, yaiku bisa mulat, bisa rumêksa, bisa sumurup, bisa èngêt, sarta nguripaké panca driya.

  • ꧔ ꧋ꦮꦫꦼꦒ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
    4. Warêg kang tumêka

  • Warêg kang tumêka, kongsi mijilaké pamarêm.
    Kayata: panarima jalaran saka nyirêp pangangsa, ngiwakaké karsa, ngungkuraké murka, ngarêpaké lêgawa, nêngênaké darma.

  • ꧕ ꧋ꦱꦺꦴꦏꦸꦫ꧀ꦏꦁꦠꦸꦩꦼꦏ꧉
    5. Sokur kang tumêka.

  • Sokur kang tumêka kongsi mijilaké panarima.
    Kayata: ngluhuraké karsaning sukma, karana sakèhing titah iku kawula, dadi kaanggêp sapadha-padha, kabèh anduwèni sêdya kang bêcik, déné ana kang nuwuhaké piala iku saka pèpèting pakéwuh, sarta cupêting kawruh, marmané kudu sumarah lan sumanggêm saagnyaning sukma.

  • Wantu - wantuning pamêtik, muga aja lali ing pamundhi.
    Mulané wong urip kudu nyumurupi sasmitaning pitulungan, supaya bisa numusi kalakoné, marmané disantosa ing cipta.
    Aja pisan - pisan kongsi katuwuhan têtêngêr kang dadi kosok balining sih, iku bisa nuwuhaké sêdih, yèn widada goné kadunungan tandha utami.
    Pikolèhé tan kasangsaya, ing wêkasan dadi mulya.






    Next
    This is the current newest page
    Previous
    Next Post »

    Out Of Topic Show KonversiHide Konversi Show EmoticonHide Emoticon

    Tuliskan Latin di kolom bawah ini
    Komentar nganggo Facebook