꧅ꦥꦤꦼꦔꦼꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦤꦼꦩꦸꦏꦰꦸꦱꦲꦤ꧀꧅
PANÊNGÊRAN WONG KANG BAKAL NÊMU KASUSAHAN.
Kayata: karasa rasa kaya ora sembada, ngangkat ora kuwat, tadhah ora kasonggah, mangsah tansah kalah, kalah wantêr kalah pintêr, kalah rosa kalah santosa karo sapadha - padha, nganti handalélah tanpa pangarah, ora sumêdya nunuman marang tahan, ora maju marang laku.
Kayata: pikir ora - ora bisa sênêng, jalaran ngrasakaké kang kaé - kaé, ciptané nyut -nyutan nganti ora ngèlingi marang wigati, sanadyan dikandhani ora dilakoni, ora ngrèwès pitutur kang barès, kang pinêngênaké mung bongsa paès.
Kayata: mambu kang pating klênyit ora ana sêdhêpé, ora ana amriké, ora ana arumé, ora ana wanginé, lan sapanunggalané, sarta ora sumêdya ora sumingkir saka ing papan kang didunungi utawa ora sumêdya ambudi sirnaning gagandan kang ana ing padunungan kono sanadyan nganti gawé lalara mêksa ora ginrahita.
Kayata: kêtêg kang andhêrêdhêg tansah dhêg - dhêgan, rumasa was sumêlang, kuwatir, kêtir - kêtir kaya ana barang kang sumêrang bakal niniwasi, songga runggi kang ura -ora tumañja, yaiku kuwur kalantur ngawur.
Kayata: ngolang ngaling gulasaran, linggih ora jênak, turu ora kapénak, mangu mangu ing panêmu, sabarang kurang kuwagang.
Pakon kang bangêt maton, muga aja lali ing pamusthi. Mulané wong urip kudu nyumurupi sasmitaning kasusahan supaya ora nganti kataman, marmané aja pisan - pisan anglulusaké kaya kahanan kang wis kalakon iku kudu sinalin lagon sarana pasinaon, mungguh kang dadi pakolèhé, samongsa wis bisa atul bañjur butul, têgêsé: bolong. Naronthong marang pamawasing kasusahan kang bakal tumêka, ing wêkasan bisa dhangan kanthi karaharjan.

